Cari Blog Ini

Jumat, 21 Januari 2011

maymintaraga :
PEPADANG BAKAL TUMEKA

angrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandungan
mecaki lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara samun
bumi kang kapidak kebak sinengker
anggawa ganda bacin
manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sore
peteng kang gemuleng ing angganing manungsa

wus sinerat ana ing kitab duk ing uni
pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah
kanggo kita sami jalma manungsa
kang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara samun
amadhangi sakendhenging jagat raya
mara gage kita sami tumenga ing angkasa
mangayubagya rawuhipun sang pepadhang
kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga
mangestu nampi pepadhang .....

jakarta wanci adven minggu kaping kalih warsa 2009


maymintaraga :
WAYAH ESUK PEDUT ANGENDANU
jakarta 8 april 2009
rong puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kene
saklawase ora nate ketemu
saliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen nalika isih tak kanthi
gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk

wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur
wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih
ing dalan iki rong puluh tahun kepungkur
ana cerita rinajut endah

dik, kala kala sliramu isih dadi impenku
pirsanana ana nduwur kae
ana teja manther ing sela-selaning gegodongan
lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhene

saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen
simpenen kangenmu ana impen ***



maymintaraga


WUS WUNGU SANG PANGENTAS

kang seda kasinalib nalika telung dina kapungkur
dina iki wus wungu kanthi kamulyan
salirane sumunar pindha baskara
getih lan saliranipun kanggo tumbal kaselametane manungsa
nebus dosa lan kaluputan kita sami

ayo pada mangayubagya lan paring pamuji
kebak konjuk rasa sukur marang Gusti

Duh Gusti Yesus wus kang paring sih katresnan jati
tatuMu kang arang kranjang wus ngusadani sakabehing
lelaraku lan nebus dosa-dosaku.

kamulyan lan karahayon sumebar saindenging jagat raya
Sang Pangentas wus wungu lan tansah waluya ing jati
salawase nyelametake sakabehing manungsa. ***

Sugeng Paskah 2009


jakarta 12 april 2009, minggu kliwon.

PETENGING WENGI
maymintaraga 19 april 2009

sumribit angin ngelus langit sore
manuk sriti bali ing pucuking cemara
nganti tekaning wengi sing nyenyet
gawang-gawang katon pasuryanmu

gawe tambah kekesing angin sore
tumlawung rasa kang ngulandara
wengi bakal tumeka maneh
bareng karo wewayanganmu
kang bakal ngebaki impen petenging wengi

lumaku turut petenging lurung
bakal gawang-gawang campur mega-mega
apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi ? ***


NYAWANG PUCUKING GUNUNG SUMBING
maymintaraga 19 april 2009


sawah lan pategalan bawera
lumaku saktengahing kunang-kunang
kumelip nggawa wisik saka pucuking gunung sumbing
tak goleki ngendi panggonanmu

bapa biyung kang wus tumeka ing kasedan jati
anakmu isih nyawang pucuking gunung sumbing
ana ing saktengahing sawah pategalan sing dadi pangeling

o, bapa lan biyung...
saiki panggonanmu ing pangayunaning pangeran
isih bisa nyawang ana ing panggonan iki
sawangen anakmu ***



KEKUDANGANKU
maymintaraga 19 april 2009


o, ngger sang ponang jabang bayi
bebarengan tangismu kang kejer sumusup ing wengi
sira wus lahir kanthi slamet
nyawang gumelaring jagat raya

yen sira nangis tak emban lan tak tembangake dandang gula lingsir wengi
kapurih sira bisa turu kanthi tentrem
yen sira mesem tak kudang tak liling

o, ngger sang ponang jabang bayi
tak gadang dadiya wong kang luhur bebudenmu ing tembe ***

kanggo: fabian moreno setiawan lan rubi dirgantara


UDAN WAYAH SORE
maymintaraga 02 mei 2009


udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles

sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi

mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu ***


NALIKA SEPI ....
pasuryanmu sing bening
tumiba ing banyu mili turut pletheking surya
saya suwe tansaya adoh
ninggalake sepi

tan ana sabawa gumrisiking alang alang
aku mung bisa nyawang
pasuryanmu sing kagawa banyu mili turut kali
nganti datan katon kasaput pedut ***

maymintaraga, jakarta 27 mei2009

Tidak ada komentar:

Posting Komentar